2. Petruk
PETRUK iku salah sijine Panakawan anake Semar, kangmase Gareng, Bagong. Dheweké duwé bojo Dewi Ambarawati, putri saka Prabu Ambarasraya raja negara Pandansurat.
Paraga Pétruk iki ora disebutaké ing Kitab Mahabarata, dadi anané mung ing gubahan gagrag pewayangan Jawa. Ciri-ciri paraga Pétruk ya iku dedegé sing dhuwur lan irungé dawa. Pétruk sadina-dina tansah nggawa gaman arupa pethèl. Paraga iki kondhang ing lakon Petruk dadi Ratu.
Asal-susulé Petruk iki manéka warna vèrsiné. Ana sing nyebut yèn mbiyèn Pétruk iki pangéran gagah perkasa, ana uga kang nyebut mbiyèné anak pandhita sekti. Ing salah sijiné vèrsi iku, dhèwèké disebut asliné anaké pandhita raseksa ing pertapan Begawan Salantara. Nalika kuwi jenengé Bambang Pecrukpanyukilan. Dhèwèké senengé guyon lan dhemen gelut.
Ing padhepokan iku, Bambang Pecrukpanyukilan kondhang pilih tandhing. Mula saka kuwi, dhèwèké bancur ngulandara golèk ngélmu lan nguji kadhigdayané. Ing tengah ndalan, dhèwèké ketemu Bambang Sukakadi (Garèng) saka pertapan Bluluktiba.
Wong loro banjur adu sekti. Awak loro-loroné dadi rusak. Untung waé banjur dipisah déning Semar (Semar lan Bagong). Wong loro mau banjur dipèk murid / anak déning Semar. Carita kasebut ana ing lakon Bathara Ismaya krama.
Sampunipun Pandhawa bebas saking ukuman 13 taun, malahan sakpunika saged muncul mandhireng pribadi, nuruti obah mosike donya, lanniat wanton ngadhepi sinten kemawon, lan negari pundi kemawon, asal sedaya tumindak dipundhasari: adil, leres, jujur, ngregeni tata rembag kamanungsan.
Inggih wiwit sapunika pandhawa badhe nggugat dhateng Bala Kurawa, ngangge syarat-syarat ing nginggil:
1.Dinten wontenaken rembagan antawisipun kurawa ngastina, ngengingi sedaya hak warisanipun para warga pandhawa ingkang taksih dipunkuwasai para warga ngastina
2.Kangge niyat punika sanget perlu dipunaturi rawuh ing siding, sedaya utusan saking sedaya praja ingkang mihak pandhawa. Sabotenipun Prabu sri kresna ingkang minangka ngasta sesepuh penasehat agung pandhawa, minangka utusan mundhut hak warisan pandhawa kanthi cara damai.
Ing tengah-tengah sidang, Sri Kresna dipunsekseni para dewa, inggih punika:
Bebarengan kaliyan Sri Kresna ing tengahing sidang ngendikaken sedaya kewajibanipun minangka duta, pranyata boten kasil.
Kurawa tetep boten badhe pasrah sajengkal lemah, senadyan punika sanes gadhahanipun ngastina.
Sareng mireng pangandikanipun Sri Kresna, bala kurawa sami muntap, Sri Kresna sak pasederekanipun dipun krubut prajurit Kurawa, badhe dipunsedani.
Sri Kresna telas kesabaranipun, ngantos muntap triwikrama, matek aji bala sewu(brahalasewu) Kraton Ngastina ajur-mumur.
Wusana kawontenan punika dipun leren lan dipunsirep dening Bathara Narada. Maksudipun Kurawa dados gagal.
Ningali glagat kawontenan, saha akhlaqipun kurawa 100 kados mekaten, sajakipun Bratayuda boten badhe saget dipunselaki.
Prastawa saderengipun Batarayudha, inggih punika, tilaripun bambang irawan (putra arjuna) nalika Bambang Irawan tumuju dhateng panggenan kempalipun pandhawa. Bambang Irawan tilar dipugigit kalasrenggi. Kalaserenggi dendham dhateng janaka. Bambang Irawan rupinipun kados janaka, dipunkinten Bambang Irawan Punika Janaka. Dene Kalasrenggi ugi sampyuh (seda bareng), kena pusakane Irawan.
Daerah perang Baratayuda wonten ing tegal Kuruksetra, kalih kalihpun, kurawa kaliyan pandhawasami sibuk siyaga kubu-kubu markas ing pinggir Tegal Kuruksetra.
Baratayuda ngantos kelamapahan 18 dinten, tuwin mbekta kurban sakinten sekawan yuta prajurit.
3. Pandawa Kembar
KAKANG Kurupati menyang Ngamarta nggawa prajurit sagelar sapa-pan ana parigawe apa?” pitakone Wrekudara marang keng raka.
“Lhoh..! Kok sajak mejanani temen. Apa netra panduluku sing pancen wis blawur. Wrekudara iki!?” pitakone Prabu Duryudana sajak kurang precaya.
“Isih pana kowe Kakang, aku Wrekudara kang ana ngarepmu. Baliya menyang Ngastina, undurna kabeh wadyabalamu.”
“Waa wis kebacut tumeka kene je! Ora susah ngenteni Baratayuda. Ora idhep kowe kuwi Wrekudara apa iblis, bakune dina iki kudu sirna saka tanganku.”
“Majuwa, bakal dak ajangi apa kang dadi karepmu.”
Tetandhingan antarane Prabu Duryudana lan Dyan Wrekudara datan kena den selaki. Bledug ngampak-ampak sumundhul ngawiyat. Alun-alun Ngamarta kang dadi ajanging paprangan bosah-baseh ora karuwan. Suwarane wadyabala Kuru Kancana lan Ngamarta kang padha andon yuda sangsaya gawe horeging suwasana.
Mulat sang Wisanggeni marang lumampahing paprangan. Gya mateg mantram sakti. Eling-eling Wisanggeni mono titah kang kinacek ing sesamane, mula gampang katrima kang dadi panyuwune. Eloking kahanan, prajurit saka Kuru Kancana cacah ewon kang ndherekake Prabu Duryudana nggecak perang Ngamarta sakala malih dadi roning waringin.
Kagyat Sang Duryudana, Dursasana, Tirtanata, Kartamarma apadene Patih Sangkuni. Legeg nyipati kahanan. Gya sinawat ing angin sindhung riwut dening Raden Bratasena temah kabur kontal kongsi tumekan dhatulaya praja Kuru Kancana. Ngreti Prabu Kurupati kendhang, Wisanggeni banjur mrayogakake para kadang nglurug menyang Kuru Kancana ngluwari para pepundhen.
Prabu Duryudana sapendherek kang tiba gumebrug aneng dhatulaya tuhu gawe kagyate Prabu Darma Lelana sakadang. Prabu Duryudana ngendika sarwi nandukaken deduka merga rumangsa kena ing apus karma.
“Paduka sampun mirsani piyambak, bilih wekdal samenika Pandhawa taksih wonten ing pakunjaran. Mokal menawi wekdal samenika sampun wonten Ngamarta,” ngedikane Prabu Darma Lelana sareh.
“Nanging nyatanipun sareng dumugi Ngamarta kula dipun papagaken dening Werkudara. Pramila kula suwun Prabu Darma Lelana sakadang kemawon ingkang ngrampungi prekawis menika. Mangke sasampunipun sembada mbedhah Ngamarta merjaya pranakanipun, bumi Ngamarta didum sasigar semangka kemawon. Kula sepalih, dene Paduka ugi sepalih.”
“Yayi Guna Lelana, jeneng sira Yayi dak dhawuhi niliki kang sabanjure nyowanake Pandhawa sing wektu dinane iki isih ana pakunjaran. Yen wus kasowanake ayo padha ditigas janggane ana alun-alun Kuru Kancana, murih enggal ilang kliliping ingkang sinuwun Duryudana.”
Kang kadhawuhan datan suwaleng kayun, gya nyuwun pamit mring pakunjaran nganthi Pandhawa banjur kairit mring dhatulaya. Kedhep tesmak pandulune Prabu Duryudana nalika uninga para Pandhawa kang kasowanake isih kanthi kahanan dibanda astane.
“Waaa kahanan kok kaya mangkene, angel anggonku mikir. Sinuwun Darma Lelana, prekawis menika kula pasrahaken sawetahe dhateng Paduka. Kula pun mboten badhe tumut-tumut malih. Ingkang baken tumrap kula sakadang, Pandhawa dalah anak-anake kudu modar!”
“Menika dhawah gampil Sinuwun. Paduka mboten sisah rumagang ing karya. Pejahipun Pandhawa sakukuban kapasrahaken kewala dhateng kula sakadang,” dhawuhe Prabu Darma Lelana agawe lejar penggalih Prabu Kurupati.
Nanging kedadak Raden Puja Lelana munggah ing sitinggil asung palapuran menawa Pandhawa Lima ngamuk punggung ing Kuru Kancana sarwi nyumbari Prabu Darma Lelana sakadang.
“Lhadalah, pripun yen ngaten niki? Estu ta ingkang dados ngendikanipun anak prabu Kurupati?” sumelane Patih Sengkuni. “Pandhawa ngamuk punggung ing alun-alun, lha lajeng sing dibanda niki sinten?”
“Paman Patih mboten sisah tumut-tumut, pun kersane dirampungi piyambak kaliyan Prabu Darma Lelana sakadang. Ingkang baken icaling klilip kula nenggih Pandhawa sakpranakane,” sumelane Prabu Duryudana.
“Para kadang kabeh, ayo bebarengan padha dipapagake kang lagi sesumbar ana alun-alun. Aja lali pandhawa kang wus dadi bandan iki digawa menyang palagan pisan!” dhawuhe Prabu Dharma Lelana kanthi trewaca. Kang ana dhatulaya Kuru Kancana sigra metu njaba mapagake tekane mungsuh. Sedaya datan ana kang katinggalan.
Tekan ngalun-alun kawistara Pandhawa lima lagya mbegagah nyranti tekane Prabu Dharma Lelana sakadang.
“Para kadang kabeh,” Raden Wisanggeni bisik-bisik. “Eling-elingen kang dadi piwelingku, mangko kalamunta Pandhawa sing dikongkon maju mapagake awake dhewe, aja padha diladeni…”
“Lho, Wisanggeni ki piye? Yen ora oleh diladeni rak padha karo nyorohake patine para kadang,” panyelane Antareja.
“Mengko dhisik ta. Durung rampung anggonku kandha. Bakune aja diladeni, mengko yen nganti para kadang tumekeng lalis, Wisanggeni kang bakal nanggung sakabehe. Cukup sembahen kaping telu sinambi ngeningake netra batin nyenyuwun mring Hyang Manon kanggo miyak warana sapa sejatine kang kok adhepi. Wis, ngono kakang kang dadi piwelingku. Aku tak ngawat-awati saka kadohan wae kakang,” Raden Wisanggeni banjur nggeblas lunga saka papan kono.
Tan pantara lama Prabu Darma Lelana sakadang wus prapta ing papan kono nganthi Pandhawa miwah Prabu Duryudana, Dursasana, Tirtanata uga Patih Sengkuni. Pirsa ing ngalun-alun uga ana Pandhawa cacah lima rumangsa gumun sang Duryudana.
“Sarehne sing mbarang amuk iku tetirone Pandhawa, mula kareben Pandhawa iki wae sing ngadhepi. Yayi Guna Lelana, enggal luwarana bandane Pandhawa, banjur dhawuhana maju pabaratan ngadhepi tetirone kae,” dhawuhe Prabu Darma Lelana marang keng rayi. “Pun Kakang bakal bali hange-dhaton, mangko samangsa-mangsa ana bebaya kang banget mutawatiri pun kakang aturana pirsa ya Yayi.”
Kang dhinawuhan sigra ngluwari bandane Pandhawa. Sabanjure Pandhawa kadhawuhan maju ing pupuh ngadhepi tetirone. Para putra Pandhawa kang lagi namur laku maksih eling marang pitungkase Wisanggeni, mula majune Pandhawa babar pisan ora digape. Sawise caket sigra kasembah kaping telu, sinartan donga panyuwun mring Hyang Manon murih lebdeng karya.
Kaelokaning jagad, Pandhawa kang nembe diluwari saka bebandane iku ilang wewujudane malih dadi gegaman kadewatan. Prabu Punta babar dadi Jamus Kalima Sada, Raden Wrekudara dadi Gada Rujak Pala, Dyan Janaka babar dadi Saratama, semono uga satriya kembar kemanikan dadiya sanjatanira sowang-sowang.
Prabu Duryudana nggragap mulat kaelokaning lelakon, sigra nggemprang mring kedhaton ngupadi Prabu Darma Lelana sakadang. Caos palapuran kedadeyan ing alun-alun.
Ing alun-alun, Raden Wisanggeni banjur mrepegi kadang-kadange maneh.
“ Para kadang, sanjata iku padha pundhinen. Kanggonen sangu ngadhepi Prabu Darma Lelana sakadang. Wis enggal majua maneh!”
Pandhawa tiron kang wus mandhe gegaman banjur nyumbari Prabu Darma Lelana sakadang. Panas talingane midhanget swara panantang, wusanane Prabu Dharma Lelana sakadang kabiyantu Prabu Duryudana maju ing palagan. Saka papane sesingid, Wisanggeni bali mateg mantram sakti.
Dumadakan ana mega mangampak-ampak nglurupi praja Kuru Kancana. Ilanging mega bebarengan kalawan musnane praja Kuru Kancana kang pan-cen dumadi mung karana cipta. Kraton saisine bali kadya sakawit dadi ara-ara Kurusetra kang jembar hangilak-ilak.
Tetandhingan antarane Pandhawa tiron mungsuh Darma Lelana sakadang lumaku imbang. Yen ditimbang padha abote. Durung ana tandha-tandha sapa sing bakal unggul lan sapa sing kasoran. Nanging suwe-suwe Prabu Darma Lelana sakadang keseser yudane. Mulat mungsuhe karoban lawan, ponang sanjata kang cinekel Pandhawa tiron arsa katamakake mring anggane Prabu Darma Lelana sakadang. Ing kahanan kang mutawatiri mau Wisanggeni malumpat saka papane singidan niyat misah marang para kang lagi bandayuda. Mlumpate Wisanggeni bebarengan kalawan praptane jawata Suduk Pangudal-Udal, Resi Kaneka Putra kang nunggal niyat kalawan Wisanggeni nedya misah kang lagi rog bandawalapati.
“Bregenjong-bregenjong pak-pak pong waru dhoyong ditegor uwong. Waaaa…. padha kurang gaweyan iki. Bapak kok gelut mungsuh anak, ora lucu. Hayo bubar-bubaaar. Kuwi sing padha memba-memba gage lukar busana,” Dhawuhe Resi Narada karo gumujeng.
“Weh kedhisikan Bathara Narada, mangka sakjane sutradharane aku he he he. Ya wis ora dadi ngapa. Para kadang, cukupna semene anggonmu namur laku. Sajake wis kewiyak mungguh warananing lakon.”
Para Pandawa kang nyekel senjata mau banjur badhar sejatining wujud dadi para putra Pandhawa.
“Darma Lelana sakadang barang kuwi gage padha rucata! Apa dikira jeneng ulun ora pirsa sapa sejatine Darma Lelana sakadang kuwi?” ngendikane Bathara Narada.
“Iya Mbah, tuturana para pepundhen Pandhawa kuwi. Padha murca reka-reka dadi Prabu Darma Lelana sakadang mung gawe bingunging para garwa putra,” sumelane Raden Wisanggeni.
Sanalika badhar sejatining wujud Prabu Darma Lelana sakadang dadi Pandhawa lima. Prabu Duryudana sapendherek kang rumangsa kewirangan banjur nggeblas ninggalke Tegal Kuru tanpa pamit.
“Sarawuh Paduka Pukulun Bathara Narada, sembah pangabekti kula konjuk,” ature Prabu Punta makili para kadang lan putra.
“Hiya Kaki Prabu Punta wus ulun tampa. Balik pudyastawaning Ulun muga rumenthah mring Kaki Prabu sakadang lan para putra. Iki mau lagi ngapa, lha kok bisa pak karo anak padha gelut?”
“Nuwun sewu Pukulun, lekas kula sakadang namung badhe murungaken Baratayuda. Menawi Ngamarta kula pasrahaken dhateng kaka prabu Duryudana lan kula sakadang cekap wonten Kuru Kancana, tartemtu perang ageng jangkaning jagad badhe wurung.”
“Sapa sing kandha? Bharatayuda tetep bakal dumadi, awit iku uga winastan perang suci. Perange watak sura mungsuh asura. Sanajan disrananana kaya ngapa tetep bakal kelakon. Mung pitungkas Ulun, Pandhawa lima iku endhog sapetarangan ngibarate, mukti siji mukti kabeh, mati siji liyane hangemasi. Mula raketing kekadangan kudu den jaga. Aja padha kemba nindakake saliring kadarman kang anjog marang katentremane kawula dasih sawegung. Iki kang dadi pitungkas Ulun, raharja kang samya pinanggya, Ulun kondur kahyangan ngger,” Bathara Naradha gya cumalorot ing akasa kondur mring Suduk Pangudal-Udal.
Para Pandhawa uga banjur kondur mring Ngamarta kadherekake para putra. Prapteng Ngamarta Raden Wrekudara gya njoget tayungan minangka tandha syukur konjuk mring Gusti Kang Mahalinangkung.
sumber : tanahmemerah.wordpress.com
4. Sumantri Ngenger
ING pertapan Jatisrana, ana pandhita aran Begawan Suwandhagni. Sang Begawan nduwe anak loro lanang kabeh aran Bambang Sumantri lan Raden Sukasrana. Bambang Sumantri wujude satriya bagus, dene Raden Sukasrana wujude buta bajang utawa buta cebol sing nggilani. Sanajan rupane nggilani nanging Bambang Sumantri tresna banget marang adhine. Samono uga Raden Sukasrana.
Nalika Sumantri wis diwasa, Begawan Suwandhagni ngendika supaya Sumantri ngenger utawa suwita menyang Negara Maespati. Sumantri sendika dhawuh. Lakune didherekake punakawan papat Semar, Gareng, Petruk lan Bagong. Begawan Suwandhagni nitipake sanjata Cakra darbeke Prabu Harjuna Sasrabahu supaya dibalekake.
Lakune Bambang Sumantri kandheg amarga Raden Sukasrana kepengin melu. Bambang Sumantri banjur ngarih-arih adhine nganti turu. Sawise adhine turu, Bambang Sumantri budhal nilapake adhine menyang Negara Maespati.
Ing Negara Maespati Sang Prabu Harjuna Sasrabahu lagi ngrembug bab arepe mupu sayembarane Dewi Citrawati ing Negara Magada. Dewi Citrawati nganakake sayembara, sapa sing bisa menehi srah-srahan putri dhomas cacah wolungatus bakal dadi bojone. Nalika lagi padha rembugan katungka sowane Bambang Sumantri. Bambang Sumantri matur arep suwita marang Prabu Harjuna Sasrabahu. Prabu Harjuna Sasrabahu gelem nampa suwitane Sumantri lamun dheweke bisa mupu sayembarane Dewi Citrawati.. Sumantri nyaguhi banjur budhal menyang Negara Magada.
Ing Negara Magada, wis akeh para raja lan satriya sing ngleboni sayembara. Padha-padha gedhe kekarepane, padha-padha ora gelem ngalahe wasana dadi perang rame. Pungkasane para raja lan satriya kalah kabeh karo Sumantri jalaran dheweke migunakake sanjata Cakra. Para raja telukan padha pasrah putri boyongan nganti cacah wolungatus. Sumantri klakon mboyong Dewi Citrawati kanthi srah-srahan putri dhomas cacah wolungatus.
Rumangsa bisa ngalahake ratu sewu negara, Sumantri dadi gumedhe, umuk, kemaki. Ing batin dheweke rumangsa menangan mula banjur thukul niyate arep nelukake Prabu Harjuna Sasrabahu. “Ratu sewu negara bae padha keyok kabeh karo aku, genea aku ndadak suwita marang Prabu Harjuna Sasrabahu? Kena ngapa ora tak telukake pisan dadi andhahanku?” ngono batine Sumantri kandha. Sumantri banjur nulis surat panantang marang Prabu Harjuna Sasrabahu lan dipasrahake marang patihe Prabu Harjuna Sasrabahu sing ndherekake lakune saka praja Maespati.
Prabu Harjuna Sasrabahu mung mesem nampa panantang saka Sumantri. Dheweke enggal methukake lakune Sumantri. Sumantri lan Prabu Harjuna Sasrabahu perang rame. Padha sektine, padha terngginase. Perange nganti pirang-pirang dina. Sumantri kekeselen banjur kepengin ngrampungi perange karo Prabu Harjuna Sasrabahu.
Dheweke enggal ngetokake sanjata Cakra arep ditamakake marang Prabu Harjuna Sasrabahu. Sanjata Cakra kuwi sejatine duweke Prabu Harjuna Sasrabahu. Nalika lair Prabu Harjuna Sasrabahu wis nggawa sanjata Cakra, amarga dheweke sejatine titisane Bathara Wisnu. Nalika smana sanjata Cakra disilih pamane, Begawan Suwandhagni.
Weruh sanjata Cakra ing tangane Sumantri, sakala Prabu Harjuna Sasrabahu nesu. Prabu Harjuna Sasrabahu triwikrama utawa malih dadi buta gedhene sagunung. Sanjata Cakra disaut banjur diuntal. Buta ngamuk gereng-gereng arep ngremuk Sumantri sing kemaki. “Sumantri, kowe satriya picek, watekmu ala, melik barange liyan. Satriya wingi sore kemaki wani nantang Ratu Gustine. Tak remet pisan remuk kowe Sumantri!” Weruh Bathara Wisnu nesu, Sumantri ndheprok, lemes ora duwe daya. Nalika Sumantri disaut Brahala, Bathara Narada tumurun ngarcapada nyapih satriya loro. Buta lilih badhar dadi Prabu Harjuna Sasrabahu.
Sumantri banjur ditundhung lunga. Pasuwitane bisa ditampa maneh menawa dheweke bisa muter utawa mindhah Taman Siwedari menyang Negara Maespati. Taman Sriwedari kuwi taman ing kahyangan Nguntara Segara, kahyangane Bathara Wisnu. Sumantri sing wis ilang kasektene amarga koncatan sanjata Cakra banjur klunuh-klunuh lunga saparan-paran, karepe arep wadul bapake, Begawan Suwandhagni.
Lakune Sumantri kepethuk Raden Sukasrana sing nyusul lungane. Sumantri nyritakake kabeh lelakone marang Sukasrana. Sukasrana mesem krungu critane Sumantri.
“Nek mung utel aman we, ampang akang,” kandhane Sukasrana karo ngguyu ngakak.
“Tenan, Yayi? Kowe bisa muter Taman Sriwedari?” kandhane Sumantri.
“Isoh ae, Akang. Uwi ampang!”
“Adhiku, Dhi Sukasrana. Tulungana aku ya, Dhi!” kandhane Sumantri memelas.
“Aku isoh utel aman Iwedali ning ana alate, Akang.”
“Apa syarate, Dhi?”
“Aku engen elu owe, Akang. Aku elu uwita Abu Aluna Asa.”
“Kowe kepengin melu aku suwita Prabu Harjunasasra?”
“Iya, Akang.”
“Iya, Dhi. Angger si Adhi bisa muter Taman Sriwedari mesthi tak ajak suwita menyang Maespati.”
“Enan, Kang? Owe anji Kang? Owe ola apusi?”
“Iya Dhi, pun kakang janji ora bakal ngapusi!”
“Yoh, Akang. Entenana edhela ya?”
Sukasrana banjur muja semedi. Sanajan rupane ala nanging gedhe prihatine. Sedhela wae taman Sriwedari wis pindhah menyang alun-alun keraton Maespati, gawe gegere wong sanagara. Sawise klakon muter Taman Sriwedari, Sumantri ditampa suwita ing Negara Maespati dadi patih, aran Patih Suwanda.
Sukasrana diajak Sumantri menyang Negara Maespati nanging dipenging ngetok, amarga Sumantri isin duwe adhi wujud buta cebol sing rupane nggilani. Sukasrana dikongkon manggon lan ndhelik ing sajroning taman.
Nalika Dewi Citrawati ninjo kahanane lan kaendahane Taman Sriwedari, dheweke njerit-jerit kamigilan weruh ana buta bajang ing jero taman. Dewi Citrawati banjur lapuran marang Prabu Harjuna Sasrabahu. Sang Prabu dhawuh marang Sumantri supaya nyingkirake buta bajang. Sumantri sing wis nggraita menawa buta sing dikarepake kuwi adhine, Sukasrana, banjur budhal mlebu taman.
Tekan ing jero taman, Sumantri nesu-nesu ngunek-ngunekake adhine sing medeni Dewi Citrawati. Sukasrana dikongkon bali menyang pertapan. Sukasrana ora gelem amarga wis dijanjeni dening Sumantri arep diajak suwita ing Negara Maespati. Sumantri gregeten.
Sukasrana diagar-agari panah dikongkon bali. Sukasrana tetep ora gelem bali malah nyedhak nagih janjine Sumantri. Nganti suwe anggone eyel-eyelan, pungkasane panah mrucut saka tangane Sumantri lan nancep ing dhadhane Sukasrana. Sukasrana mati. Kuwandane ilang musna, ninggal sepata.
“Kakang Sumantri! Tega temen kowe karo aku, Kakang. Kowe mblenjani janji, Kakang. Aku ora trima. Utang pati nyaur pati. Eling-elingen mbusuk yen kowe perang tandhing karo ratu buta saka Ngalengka, ing kono tumekane piwalesku, Kakang. Wis kakang, tak enteni ing lawange surga.
Sumantri gela, Sumantri sedhih. Nanging kabeh mau barang wis kebacut. Katresnane marang adhine ilang amarga saka drajat lan pangkat. Wateke ala seneng nyidrani janji. Janji bekti marang ratu gustine, diblenjani. Janji nresnani adhine, diblenjani. Janji ngajak adhine, diblenjani. Kabeh mau mung amarga melik drajat pangkat lan kamukten. Besuk patine sumantri dikemah-kemah Prabu Rahwana ratu buta saka Ngalengkadiraja.
Sumber : ptkguru.com
5. Pandawa Dadu
SASAMPUNIPUN pendhawa saged medal saking bale Sigala-gala, wusana saget medal mbangun praja wonten ing tlatah Endraprastha utawi Amarta. Sedaya wiwit ikhtiyar nyusun kekiyayatan kanthi tumindak ingkang sae lan jujur.
Kosok wangsulipun para tokoh Kurawa ningali para satriya pandawa sami gumugah tuwuh sedaya bala kurawa sansaya sanget anggenipun dendam. Kurawa Ngastina nglajengaken niat jahatipun, ngangge siasat licik lan jahat. Prajurit kurawa sansaya sombong, jalaran rumaos nggadhahi kekiyatan ageng. Ningali pandhawa namung nggadhai kekiyatan tokoh/cacahipun 5.
Kurawa Ngastina wiwit ngacakaken siyasat licik: ndhatengaken pandawa dipuntantang main dhadhu.
Kanthi tumindak licik lan licin, Arya sangkuni saget ngawonaken pandhawa. Padhawa dipunpeksa supados masrahaken negari, kraton, para pribadhi saha semahanipun minangka totohanipun(sebagai taruhan).
Pandhawa kawon, kedah nindhakaken Ukuman nyingkir dhateng wana, 13 taun laminipun.
Sasampunipun ndungkap, ukaman wekdal 13 taun, pendhawa kedah nyamar ngantosboten saged dipunngerosi wonten pundi panggenanipun.
Pranyata ndungkap wekdal ukuman 13 taun, pendhawa nyamar wonten negari wiratha, sami ngawula (menjadi hamba) dhateng prabu Matswapati/ Gurgandana. Ing pungkasaning taun 13, kawontenanipun Pandhawa boten sagetd dipun mangertosi dening kurawa ngastina klebet mata-matanipun.
Cathetan ingkang ndamel nggrantesing manah, ing salebetipun main dadu, Dewi drupadi dipun ruda paripeksa(penghinaan) ingkang sakalangkung jahat saking arya Dursasana. Ngantos rikmanipun Dewi Drupadi ngore(terurai).
Dewi drupadi sumpah ora bakal nyanggul rikmanipun sak derenge kramas kalian getihe Arya Dursasana.